Jumat, 22 Oktober 2010

PIDATO WALIMATUL KHITAN (Sunatan) bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.http://forum-buku.blogspot.com/search/label/Contoh Pidato

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati
Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati lan staf TU
Rencang-rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani

Saderengipun mangga kula aturaken ngunjukake puji syukur dumatheng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kanugrahan dhumatheng kita sedaya, saengga wonten ing acara pepisahan siswa kelas sanga SMP ing tahun punika saged rawyg kanthi raharja lulus ing sambekala.

Ing salajengipun kula nyulihi rencang-rencang, ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Ibu guru ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara punika. Ugi atur panuwun dhumateng rencang saka adik-adik ingkang sampun paring pambiyantu dhateng tumapakina acara.

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula sekrencang siswa kelas sanga ngaturaken gungin panuwun awit panggulawenthah saha sedaya wucalan ingkang sampung keparingaken dhumateng kula sedaya. Dene kula sakrencang boten saget atur pinwales punapa-punaa kejawi namung atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Para putra naming saged nyuwun dhumatheng Allah, mugi-mugi Allah paring piwales dhumateng sedaya kesaenanipun Bapak Ibu Guru sedaya. Amin.

Kejawi punika, para putra sedaya nyuwun samodra pangaksami mengga sedaya kalepatan, dosa, kekhilafan ingkang kita sengaja punapa ingkang boten. Mugi-mugi bapak saha ibu guru kersa paring pangapunten.
Salajengipun, kula sedaya nyuwun doa restu saking Bapak Ibu Guru supados saged nglajengnipun ing sekolah ingkang kita idham-idhamaken. Kangge adhik-adhik kelas pesan kita supados sregep sinau, patuh dhumateng dawuhipun Bapak-Ibu Guru, saengga mangke sekolah kita punika saged ngasilaken generasi ingkang pinter, cerdas saha abudi luhur.

Nawung mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten gelap gangdul saha cewetipun anggen kula matur nyuwun samodra pangaksami.
Matur nuwun.
Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Download Pidato Perpisahan Kelas 6 SD