Senin, 23 April 2012

Antara Mbakyu & Kang Mas

" TUKANG NGLOMBO "


Sore-sore nang taman kota ana bocah lanang wadon pada jagongan neng ngisor wit palem,asik dopokan njuran padha kenalan.Sing wadon kayonge mandan kesengsem karo sing lanang merga praupane sing katon gantheng lan mlipit pangangonane. Wong loro keton ngglemek pisan goli dopokan.Si bocah wadon merga penasaran takon maring sing bocah lanang kuwe bab kodeane “ Ngode ng ndi kang ?” .Si bocah lanang goli semaur enteng pisan “ Ah, Inyong mung mbukak restoran cilikan neng sedawane jalur selatan,Yu ,Ora akeh mung 6 restorane.”

Mbarang krungu jawaban sing kayong cocok karo impene,sibocah wadon neng mbatine ngomong”Beja kie tah nyong ketemu karo wong konglomerat,”. Banjuran bocah wadon takon maning “ umaeh ng ndi kang .......?? “ .Sibocah lanang njawabe sante pisan,” Pandankuning golf estate”.Si bocah wadon tambah semangan barang krungu wangsule bocah lanang kuwe.Si bocah wadon mbatin maning ng ati “Kiye tah bener-bener wong sugih” . terus takon maning si kuwe bocah wadone “ Umaeh gede kang..?” Si bocah lanang gulih semaur jan sekepenake dewek “ biasa bae koh cilik.. kur 350 meter. Lemaeh 2,5 hektar yu “. Krungu ke kue cah wadon mbayang na umaeh mesti kede,, lan bisa go parkir mobil ana sejinah (10) ,Si bocah wadon esih penasarane ora patut ,Takon maning “Mobile berarti akeh ya kang...wong umaeh be ambane kaya lapangan Golep  .. “ banjur cah lanange nyauri “ ora akeh kok,, mung due mersi 2,BMW 5, angkot 7 ,treek 10”. Wes pokoke cah wadone wes gemledeg banget jantunge krungu ke kue...

Lantaran pengen ngerti banget marang kahanane cah ngganteng kuwe ,nerusna pitakonane maning .”Duwe bojo apa urung kang”.... semaur cah lanange ‘ Urung yu pacaran be rung tau ngrasakna apa maning mbojo... ‘ ... wes jan pokoke tambah mesem kie mbekayune. Siki takon kepribadiane maring kie wong lanang. “Rika cokan nginum Ciu,Bir lan apa bae sing jenise kaya kue” .Klebat sing lanang le njawab banter pisan. “ Hisss Ora klamite kue tulih Umben-Umbenane Belisss..” .Si bocah wadon Mbatin maning.. Pantes Atletis temen Body ne.
Saking ora kuate Nahan rasa sing Wes ora genah banget..seneng ,bungah tur kepengin ngarep nek dadi bojone bocah gagah kue karo ngomong meng sing lanang maning “ Kabeh sing maen-maen wis dilakoni ng rika, Jane Hobine Rika apa sih kang ???? ????  .Gulih nyemauri gampang banget kayong ra due dosa
 “ Nyong Hobine Nglomboni Wong yuu....####**%^$^^#### “ . Gedandap Si wadon kue Kaget ora emut.... .. Kampret rika yah,,Poles sisan ngeneh .”esih ayem bae le nyauri ... Mawine rika takon takon bae ya tek semauri yu yu }  buakakakkakakakakkaka  .ancas