Kamis, 19 April 2012

Singirane Gus Dur

Lirik Singirane Gus Dus


Ngawiti ingsun nglaras syingiran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpa petungan

Duh bolo konco priyo wanit
Ojo mung ngaji syariat bloko
Kur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro


Akeh kanga pal qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe ga digateke
Yen  esih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing  pepaese gabyaring dunio
Iri lan meri sugihe tonggo
Mula atine peteng lan nistho

Ayo sedulur  jo nglale’ake
Wajibe ngaji sa’pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo haqeqot manjing rasane

Al qur’an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo

Kumantil ati lan pikiran
Ngrasuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman

Kelawan alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadoi
Zikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir sanking pengeran

Kelawan konco dulurlan tonggo
Kag podo rukun poso asiho
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi muhamad panutan kito

Ayuh ngelakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto zohire
Ananging mulyo maqom drajate

Lamon palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang alloh suwargo manggone
Wutuh mayite ugo ulase